Skip to main content

Gawe SIM

Daslam sakiyen gawe SIM C, mung kerana akeh wong sing gawe akire ngantri kanthi pirang-pirang jam. Barang wis rampung kabeh tur SIM wis dadi, Daslam malah protes.

"pak pulisi kiyeh ya gara-gara rika kyeh potone nyong nang SIM gadi ele nemen, mbesengut kyeh..." Daslam protes.

"endi kayong apa elene...?" pulisi ndeleng SIMe Daslam.

"eh iya yah kok ele, tapi sing asline gen ele ka mas... gweh ya rai asli karo nang poto padha bae elene..." pulisine mesem.
"pak pulisi nyong rada gagah pak pulisi.. kye gara-gara rika gawe antrian dawa, suwe gadine pas dipoto nyonge lagi mbesengut... gantilah, pan poto maning..."

"dihlah, ari ganti belih bisa mas.. kiye wis paten,.. mas kiye pas go ente, mengko ari ente lagi nang dalan toli ana razia pulisi, sing ngrazia bakal belih pangling, soale padha bae karo asline.. ele.."

"eh... rika kemplu pak pulisi.. ngece yah..." Daslam lansung mlayu.

Comments

Popular posts from this blog

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"

Kemplu sing nyata

Nang dunya kiye pancen urip isine garong, ana garong sing kelas teri, sing pintere malaki wong, toli ana garong sing kelas berat, sing mung mringis tok wis olih duwit. Critane Tarsa gadi garong kelas teri, Daslam gadi garong kelas berat, Wasto gadi pulisine. "Sodara Tarsa, keprimen carane sampeyan maksa njaluki duwit nang wong..??" "carane ana wong mlaku kuwe tak cegat toli t ak jaluki duwite.."duwite kowen endi meneh".." "hem... lah sampeyan sodara Daslam, keprimen carane sampeyan njaluki duwit nang wong...??"

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba. "hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar. Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi ko rdeng.