Skip to main content

Kemplu sing nyata


Nang dunya kiye pancen urip isine garong, ana garong sing kelas teri, sing pintere malaki wong, toli ana garong sing kelas berat, sing mung mringis tok wis olih duwit. Critane Tarsa gadi garong kelas teri, Daslam gadi garong kelas berat, Wasto gadi pulisine.

"Sodara Tarsa, keprimen carane sampeyan maksa njaluki duwit nang wong..??"

"carane ana wong mlaku kuwe tak cegat toli tak jaluki duwite.."duwite kowen endi meneh".."

"hem... lah sampeyan sodara Daslam, keprimen carane sampeyan njaluki duwit nang wong...??"



"hahahaha... nyong ta pak pulisi, angger njaluki duwit nang wong belih usah nyegat, belih usah repot nganggo kekerasan, cukup sms bae nang anggota DPR atawa Bupati "Cung... duwite nyong endi, cepet dikirim nang rekening biyasa..", kaya kuwe pak, lat 5 menit rekeninge nyong wis akeh isine..."

Comments

Popular posts from this blog

Belih Dipikir Dipit

Daslam numpak bis maring Pekalongan pan luruh batik kanggo batik jamiyahan. Kerana nang bis suntuk, ahire dheweke ngejak ngobrol garo wong sing jejeran sajok. "mas, pan maring ndi.. oya kenalna arane nyong Daslam, Brebes..."   "pan maring Batang mas.. nyong arane Dirjo mas, Tegal..." "krasa bosen yah mas njagong suwe jebule...?" "iya mas..." "emmmm... daripada bosen kiyeh nyong duwe crita mas, crita kiye soal Polisi... pancen Polisi kuwe..... bla bla bla bla bla... SENSOR...." Daslam crita ngelek-ngelekna Polisi semangat men.

Dianggep Homo

Daslam nangis nggerung-nggerung bar balik dolan. Nang dalan ketemu Tarsa. "kowen kenang apa Lam ganing balik-balik tetangisan...??"   "iya kiyeh Sa, nyong bar dikamplengi nang wong... " "sih bisaneng kowen dikamplengi..?? kowen petakilan mesti oya...?" "nyong belih petakilan Sa.." "angger belih petakilan toli apa..?"

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"