Skip to main content

Belih Dipikir Dipit


Daslam numpak bis maring Pekalongan pan luruh batik kanggo batik jamiyahan. Kerana nang bis suntuk, ahire dheweke ngejak ngobrol garo wong sing jejeran sajok.

"mas, pan maring ndi.. oya kenalna arane nyong Daslam, Brebes..." 

"pan maring Batang mas.. nyong arane Dirjo mas, Tegal..."

"krasa bosen yah mas njagong suwe jebule...?"

"iya mas..."

"emmmm... daripada bosen kiyeh nyong duwe crita mas, crita kiye soal Polisi... pancen Polisi kuwe..... bla bla bla bla bla... SENSOR...." Daslam crita ngelek-ngelekna Polisi semangat men.



"masa mas.... !!!" Dirjo ujug-ujug raine abang nahan emosi.

"iya mas... Polisi pancen kaya kuwe ka, sampean ganing katon semangat men mas barang tak critani Polisi?? setuju kan pancen Polisis kaya kuwe, njelei"

"emmmmm.... " belih njawab.

"oya... mas sampean nang Batang pan perlu kerja...??"

"iya.."

"kerja apa mas..??"

"Polantas...."

"#$@!~$%%^&&**&*...." Daslam raine abang keweden.

Comments

Popular posts from this blog

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"

Kemplu sing nyata

Nang dunya kiye pancen urip isine garong, ana garong sing kelas teri, sing pintere malaki wong, toli ana garong sing kelas berat, sing mung mringis tok wis olih duwit. Critane Tarsa gadi garong kelas teri, Daslam gadi garong kelas berat, Wasto gadi pulisine. "Sodara Tarsa, keprimen carane sampeyan maksa njaluki duwit nang wong..??" "carane ana wong mlaku kuwe tak cegat toli t ak jaluki duwite.."duwite kowen endi meneh".." "hem... lah sampeyan sodara Daslam, keprimen carane sampeyan njaluki duwit nang wong...??"

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba. "hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar. Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi ko rdeng.