Skip to main content

Gemremet (gemes)

Wasto garo Daslam lagi numpak sepur Kaligungmas nuju Semarang. biyasa angger nang tengah dalan karcise dipriksa.

"nyong gemremet maring wong sing dikawal satpam loro miki To.. su gweh..."

"sih bisaneng gemremet Lam...??"

"wong kuwe gawe ulah bae To maring nyong... tak titeni sing awit nang Stasiun, gawe enek bae..."

"lah keprimen sih emange...??"

"gyeh To.. mau lagi antri karcis, nyong didomong " mas sabar mas, aja nyereg-nyereg sing nang arep..", lah sing nang arep wong wadon ayu ya nyong nyereg owh.."



"lah kuwe kan salahe kowen Lam dadine didomong owh..."

"iya bener kuwe salahe nyong, tetep nyonge enek..toli kiye To sing nambah gawe nyong enek.. barang wis olih karcis nyong pan manjing nang peron, eh karcise dijaluk terus di urek-ureki pulpen To nang wong kuwe.. lah kiye gawe ulah maning, miki kowen weruh dhewek oya, karcise nyong ditoblosi pulpen, toli disuwek... angger belih dikawal satpam ta tak kantem.. karcis olih ngantri, regane larang, maen di toblosi, disuwek bae... su gweh.."

"hadduh Daslam.. diurek-ureki pulpen maksude ditandani ben olih manjing peron, toli ditoblos karo disuwek kuwe maksude tidandani uga yen kowen kuwe penumpang sing sah, lan suwekane kuwe kanggo data Daslam..."

Comments

Popular posts from this blog

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"

Kemplu sing nyata

Nang dunya kiye pancen urip isine garong, ana garong sing kelas teri, sing pintere malaki wong, toli ana garong sing kelas berat, sing mung mringis tok wis olih duwit. Critane Tarsa gadi garong kelas teri, Daslam gadi garong kelas berat, Wasto gadi pulisine. "Sodara Tarsa, keprimen carane sampeyan maksa njaluki duwit nang wong..??" "carane ana wong mlaku kuwe tak cegat toli t ak jaluki duwite.."duwite kowen endi meneh".." "hem... lah sampeyan sodara Daslam, keprimen carane sampeyan njaluki duwit nang wong...??"

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba. "hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar. Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi ko rdeng.