Skip to main content

Nandang Wuyung

Daslam semangat nemen ngarti Turijem durung payu nang wong lanang, kabare Turijem kas kena jeblugan raine, bar kuwe raine gadi rada geseng, ya kuwe dadi belih payune. Tapi anajan rada geseng Daslam tetep dhemen. Daslam dhemen Turijem kawit cilik. lah kiye Daslam dadi pede nglamar Turijem, nglamare gawa wong sa-erte.
"Nok Ijem... Mas Daslam teka nok, teka nglamar kowen.. kowen gelem kan mantenan garo nyong..?"
"mmm... mas, nyong belih pantes nyanding sampeyan mas.. nyong ele mas, raine geseng, belih ayu mas.. belih pantes dadi bojone sampeyan.." ngomong bari nyesel.

"belih papa nok.. nyong nrima apa anane kowen nok.. syung, nyong tetep cinta..."
"iya sampeyan nrima nyong apa anane, tapi nyong belih mas.. ele mas, luruh wadon liyane bae mas.." tambah nyesel.
"belih papa nok, syung nyong belih masalah..."
"mas, rongokna ya mas.. nyong belih gelem ya belih gelem... nyong ra pantes garo sampeyan, ele mas..." dadi rada dugal.
"saele-elene kowen nyong tetep cinta, tetep dhemen..." nyakinna Turijem.
"gyeh mas, sing dadi masalahe dudu kuwe,.. nyong belih gelem garo sampeyan soale sampeyan luwih ele, luwih geseng daripadha nyong mas..."

Comments

Popular posts from this blog

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"

Kemplu sing nyata

Nang dunya kiye pancen urip isine garong, ana garong sing kelas teri, sing pintere malaki wong, toli ana garong sing kelas berat, sing mung mringis tok wis olih duwit. Critane Tarsa gadi garong kelas teri, Daslam gadi garong kelas berat, Wasto gadi pulisine. "Sodara Tarsa, keprimen carane sampeyan maksa njaluki duwit nang wong..??" "carane ana wong mlaku kuwe tak cegat toli t ak jaluki duwite.."duwite kowen endi meneh".." "hem... lah sampeyan sodara Daslam, keprimen carane sampeyan njaluki duwit nang wong...??"

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba. "hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar. Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi ko rdeng.