Skip to main content

Presiden Pertama

Masa cilik pancen nyenengi, lah kiyeh kisah Daslam lan batur-batur lagi sekolah SD kelas 1.
"Kotong bagus murid-muride Bu Guru sing pinter.. ayuh sapa sing ngarti presiden pertamane Indonesia...?? sing ngarti ngacung..." Guru Aminah nakoni muride.
"Sukarno Bu Guru..." Wasto njawab.
"bagus... bagus, brati Soekarno kuwe.... Bappakk pressss..... ayuh Daslam lanjutna, Soekarno kuwe Bapakkk........"
"Bapake Tarsiun Bu Guru..."
"loh ganing bapake Tarsiun...??"

"lah kan Tarsiun Bapake arane Sukarno Bu Guru.."
"hadduhh... dudu kuwe Daslam, maksude Soekarno kuwe Bapak Presiden Pertama Republik Indonesia...."

Comments

Popular posts from this blog

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"

Kemplu sing nyata

Nang dunya kiye pancen urip isine garong, ana garong sing kelas teri, sing pintere malaki wong, toli ana garong sing kelas berat, sing mung mringis tok wis olih duwit. Critane Tarsa gadi garong kelas teri, Daslam gadi garong kelas berat, Wasto gadi pulisine. "Sodara Tarsa, keprimen carane sampeyan maksa njaluki duwit nang wong..??" "carane ana wong mlaku kuwe tak cegat toli t ak jaluki duwite.."duwite kowen endi meneh".." "hem... lah sampeyan sodara Daslam, keprimen carane sampeyan njaluki duwit nang wong...??"

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba. "hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar. Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi ko rdeng.