Skip to main content

Dodolan Katok Komprang


Seliyane gadi guru Daslam uga dodolan katok komprang sing go pranti nang sawah. Saben balik ngajar dhewek dodolan nang pasar.

"man katok kiye regane pira...?" wong lanang tuwa pan tuku.

"wah katok kiye ta bodol wa.. ya maape ya, katok sing apik-apik wis padha payu..."

"wis bodol mbuh apa wis meneh tak tukune..."

"kiye katok gari loro wa, katok sing siji bodol kerana akeh sing padha bolong, kiye regane limangewu. lah angger katok sing kiye mung siji tok bolonge, regane sewu..."

"ganing sing bolonge siji luwih murah man...??"



"iya wa pancen,, kiye bolongane siji tapi gede nemen... kiyeh..." Daslam nodokna bolonge katok sing pas nang bokong.

"idihlah... ya bener murah owh, kuwe ta angger dinggo neng bokonge nyong katon owh... ya wis man mene sing bolonge akeh bae wis..."

"kiyeh sing bolongane akeh wa, cilik-cilik ka wa bolongane..." Daslam nodokna maning katok sijine.

"lah lah... iya cilik sih tapi akeh men, pas pisan nang arep.. lamona nyong nganggo katok kiye neng katon kedabelan owh man.... belih sida tukulah.. rika niyat dodolan belih sih... su gweh... " ngliwing bae.

Comments

Popular posts from this blog

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"

Kemplu sing nyata

Nang dunya kiye pancen urip isine garong, ana garong sing kelas teri, sing pintere malaki wong, toli ana garong sing kelas berat, sing mung mringis tok wis olih duwit. Critane Tarsa gadi garong kelas teri, Daslam gadi garong kelas berat, Wasto gadi pulisine. "Sodara Tarsa, keprimen carane sampeyan maksa njaluki duwit nang wong..??" "carane ana wong mlaku kuwe tak cegat toli t ak jaluki duwite.."duwite kowen endi meneh".." "hem... lah sampeyan sodara Daslam, keprimen carane sampeyan njaluki duwit nang wong...??"

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba. "hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar. Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi ko rdeng.