Skip to main content

Dianggep Homo


Daslam nangis nggerung-nggerung bar balik dolan. Nang dalan ketemu Tarsa.

"kowen kenang apa Lam ganing balik-balik tetangisan...??" 

"iya kiyeh Sa, nyong bar dikamplengi nang wong... "

"sih bisaneng kowen dikamplengi..?? kowen petakilan mesti oya...?"

"nyong belih petakilan Sa.."

"angger belih petakilan toli apa..?"



"nyong dikira homo Sa, masa mung lirak-lirik, pesam-pesem nang wong monine homo.. eh langsung dikamplengi bae..."

"lah kowen bisaneng belih nglawan..?"

"nyong belih tega Sa, soale sing ngemplengi nyong wonge gagah, maco, ganteng Sa..."

"halah.... @#$%^&*~*&%$^....."

Comments

Popular posts from this blog

Belih Dipikir Dipit

Daslam numpak bis maring Pekalongan pan luruh batik kanggo batik jamiyahan. Kerana nang bis suntuk, ahire dheweke ngejak ngobrol garo wong sing jejeran sajok. "mas, pan maring ndi.. oya kenalna arane nyong Daslam, Brebes..."   "pan maring Batang mas.. nyong arane Dirjo mas, Tegal..." "krasa bosen yah mas njagong suwe jebule...?" "iya mas..." "emmmm... daripada bosen kiyeh nyong duwe crita mas, crita kiye soal Polisi... pancen Polisi kuwe..... bla bla bla bla bla... SENSOR...." Daslam crita ngelek-ngelekna Polisi semangat men.

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"