Skip to main content

Sumbangan


Wayae pan ngedepi wulan puasa nang desa Kalisoga ana kegiatan Tahlil bersama. Panitiane Wasto, Tarsiun lan liyane. Kerana dana sing terkumpul kurang akire Panitia mbentuk tim sumbangan nang warga desa. Wasto minangka ketua time.

"Assalamu'alaikum... " Wasto nekani umae Daslam.

"wa'alaikumussalam.. ana apa To??"

"kiye Lam, manene ana? kiyeh nyong pan njaluk sumbangan kanggo Tahlilan bengi jumuah ngesuk..."

Daslam langsung manjing umah goleti manene. lat limang menit metu.



"To, manene nyong langka To... maap ya.."

"ya wis Lam belih papa.. eh iya, tulung disampekna nang manene kowen ya Lam, angger ngomong langka kae aja longak-longok nang kaca jendela, raine katon soale..."

Comments

Popular posts from this blog

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna. "Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar. "Nyong biyasane angger wayah jam semono maring   bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto. "Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .." "Bisaneng rugi...?"

Kemplu sing nyata

Nang dunya kiye pancen urip isine garong, ana garong sing kelas teri, sing pintere malaki wong, toli ana garong sing kelas berat, sing mung mringis tok wis olih duwit. Critane Tarsa gadi garong kelas teri, Daslam gadi garong kelas berat, Wasto gadi pulisine. "Sodara Tarsa, keprimen carane sampeyan maksa njaluki duwit nang wong..??" "carane ana wong mlaku kuwe tak cegat toli t ak jaluki duwite.."duwite kowen endi meneh".." "hem... lah sampeyan sodara Daslam, keprimen carane sampeyan njaluki duwit nang wong...??"

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba. "hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar. Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi ko rdeng.