Daslam nangis nggerung-nggerung, nganti tangga kiwa tengen arep mburi mareki Daslam kerana krungu tetangise Daslam.
"kowen kenang apa Lam.. nangise bisa kaya wong ditinggal mati..??" Wasto takon ke-eramen.
"hu hu hu hu... hiks hiks hiks.... iya To... hu hu, nyong nembe bae ditinggal mati kekasihe nyong To... hu hu hu... " nangise tambah budi ngusek guling-guling.
"sabar Lam, sabar... eh, tapi emange kowen duwe kekasih Lam...??"
"duwe owh To... hu hu hu.... "
"kapan nyong belih pernah weruh kekasihe kowen..?? arane sapa len, wong endi...??"
"hu hu hu... wong kene To,.. arane Sopiyah..."
"heh... wong kene langka sing arane Sopiyah.. ana kae sing arane Sopiyah, tapi kucing wadone kowen sing lagi meteng..."
"ya kuwe... hu hu hu... maksude nyong, kucinge nyong sing arane Sopiyah mati kena racun curut..."
"ya Allah Lam lam... paling kucing ben kowen nangise nganti kaya kuwe, wong biyasane kae kuncing belih tau dipakani ben, kelangan... hadduuh.."
"dudu moni soal kucing To.. tapi kiye nyong lagi simulasi ngadepi kelangan ditinggal mati To, wong arane simulasi ya kudu temenanan owh.. kan kita belih ngarti umure wong sing kita cintai nyampe kapan kan..??"
"iya ta iya Lam.. ya wis mana lanjut nangis maninglah.. su gweh.."
Comments
Post a Comment