Daslam lagi galon gara-garane sering dileledek nang MTs-e saben sekola. Jarene Daslam kuwe dudu anak kandunge Mak Ruyi.
"Mane... nyong saben sekola diledeki bae, monine nyong dudu anake rika ne.. angger nyong dudu anake rika sih nyong anake sapa..?? Daslam takon wis ping satus kiye.
"kowen ganing takone kaya kuwe bae sih Lam.. bosen mane krungune Lam..." rada dugal.
"mane nyong luwih bosen ne.. saben nang sekolahan diledeki bae.. "wuh bocah jadah, langka bapane, langka manene.. wuh"... kaya kuwe bae ne... bener belih ne nyong bocah jadah...?" ngosog njaluk dijelasna.
"mmmmm... angger bocah jadah ta belih bener Lam,. tapi angger bocah sing dipungut bener... kowen kiye dudu anak kandunge mane garo bapa Lam..." mbesengut sedih.
"ya ngandel.. nyong gen wis nebak kaya kuwe.. masa iya angger nyong anake mane garo bapa nyong raine ele kaya kiye... hik hik hik" nangis.
"iya maape Lam... wektu kae ana suwara bayi nangis nang comberan, barang ditiliki bener bocah bayi lagi nangis.. bocah bayine tak jukut, tak aku anak... ya bayine kuwe kowen Lam..."
"ya awoh... coba wektu kae nyong nangise dudu nang comberan, tapi nang mesjid neng raine nyong belih ele jete kaya kiye yah... hu hu hu hu..
Comments
Post a Comment