Skip to main content

Posts

Gadi Dokter

Daslam sakiyen gadi dokter sing wis olih ijin praktek nang RSUD. Saben praktek Daslam dikancani nang asistene, suster paling ayu sa RS, Turijem. "pak dokter,.. eh mangap, mas dokter maksude... hehe.. nyong eram karo sampeyan mas dokter..." Turijem mesam-mesem nggoda. "eram primen nok ayu...??" Daslam bari nyolek Turijem. "ya eram bae.. sapengalamane nyong gadi asisten dokter kiye d okter sing mriksa belih kaya sampeyan mas dokter.."
Recent posts

Berbuat

"Apakah semua keadaan di Negri ini diperlukan..?? apakah semuanya demi kebaikan..??" Tanya Daslam pada Wasto. "iya Lam.. ini memang diperlukan,.. ketika petani membakar ladang, tanahnya akan menjadi keras dan subur, namun petani itu akan merasakan panasnya api saat membakar... yah, ini sangat diperlukan bagi bangsa ini supaya kedepan bisa menjadi lebih baik..." jawab Wasto tenang. "lalu apa yang akan dilakukann buat orang-orang yang jahat itu, yang senangnya membuat keruh mental bangsa ini...??"

Wong Jawa, Untung

Sore wingi wayae ngabuburit Daslam ketabrak motor, motore sing nyetiri Mandor Wiryo.   "Lam.. kowen jare kas ketabrak motor?? toli primen sakiyen keadaane...??" Wasto niliki Daslam nang umae. "belih papa To.. kiye paling mung padha ledes tok tangan kambe sikile.." "ya sokur ari kaya kuwe Lam.. dongen critane primen sih bisaneng kowen kosi ketabrak...??"

Niru Bapane

Daslam cilik lagi ndopok soal cita-cita kambe batur-bature.   "Sa, kowen nduweni cita-cita apa...??" Wasto takon nang Tarsa. "nyong ta cita-citane pengin gadi supir trek To.. seneng enggal dina jalan-jalan bae...lah ari kowen sih apa To cita-citane...??" "ya macem kowen pengin gadi supir trek wong bapane kowen emang supir trek...nyong pengin kaya bapane nyong Sa, gadi ustad.. " "ohh... bagus kuwe ben bisa gadi imam nang langgar To... eh, iya, kowen sih Daslam cita-citane kowen apa...?" Tarsa takon.

Gawe SIM

Daslam sakiyen gawe SIM C, mung kerana akeh wong sing gawe akire ngantri kanthi pirang-pirang jam. Barang wis rampung kabeh tur SIM wis dadi, Daslam malah protes. "pak pulisi kiyeh ya gara-gara rika kyeh potone nyong nang SIM gadi ele nemen, mbesengut kyeh..." Daslam protes. "endi kayong apa elene...?" pulisi ndeleng SIMe Daslam. "eh iya yah kok ele, tapi sing asline gen ele ka mas.. . gweh ya rai asli karo nang poto padha bae elene..." pulisine mesem.

Dodolan Manuk

Kerana pengin nduweni penghasilan dhewek Daslam muter otak pengin wirausaha, dodolan manuk akire.   "kang, kiye manuk apa sing nang jero kurungan, kok murah temen...??" calon konsumen takon. "sing nang kurungan kiye manuk ketilang, sing nang kurungan sijine maning manuk kepudang, toli kiye manuk bla bla bla..." Daslam njelasna bari nunjuk-nunjuk kurungan sing ditutupi klambu. "wid ih edan, manuk apik regane.murah men... ketilang limangewu olih loro... ya wis kyeh kang nyong tuku papat..."

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba. "hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar. Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi ko rdeng.