Skip to main content

Gadi Dokter

Daslam sakiyen gadi dokter sing wis olih ijin praktek nang RSUD. Saben praktek Daslam dikancani nang asistene, suster paling ayu sa RS, Turijem.

"pak dokter,.. eh mangap, mas dokter maksude... hehe.. nyong eram karo sampeyan mas dokter..." Turijem mesam-mesem nggoda.

"eram primen nok ayu...??" Daslam bari nyolek Turijem.

"ya eram bae.. sapengalamane nyong gadi asisten dokter kiye dokter sing mriksa belih kaya sampeyan mas dokter.."
"lah emange primen sih angger nyong mriksa nok ayu... ??" tambah nyolek maning.

"ih mas dokter menjeng nyolek bae... keri mas dokter... mmmm.... kaya kiye mas dok, bisaneng sampeyan angger mriksa pasien mesti sing pertama nakonine saben dinane mangane apa, maring rumah sakit numpake apa,.. emang apa hubungane karo penyakite...?"

"eh... jebule kaya kuwe nok ayu, kiye nok.. bisaneng nyong takone kaya kuwe soale angger pasien jawabe saben dina rata-rata mangane daging toli maring rumah sakit nganggo mobil, kuwe tak jaluki bayaran sing akeh.. tapi angger mangane jarang go daging toli menene go motor ya tak jaluki hayarane murah, terus angger menene go becak lan mangane mung tempe tahu kuwe tak gratisna nok..." Daslam mesem.

"eh kaya kuwe yah... mas dokter pancen pinter... ih gemes...."

Comments

Popular posts from this blog

Dodolan Manuk

Kerana pengin nduweni penghasilan dhewek Daslam muter otak pengin wirausaha, dodolan manuk akire.   "kang, kiye manuk apa sing nang jero kurungan, kok murah temen...??" calon konsumen takon. "sing nang kurungan kiye manuk ketilang, sing nang kurungan sijine maning manuk kepudang, toli kiye manuk bla bla bla..." Daslam njelasna bari nunjuk-nunjuk kurungan sing ditutupi klambu. "wid ih edan, manuk apik regane.murah men... ketilang limangewu olih loro... ya wis kyeh kang nyong tuku papat..."

Hebatan Endi

daslam Lolos gadi caleg, latane sombong toli madakna dheweke maring wong hebat liyane. "To, nyong garo kowen hebatan sapa...?" "ya hebat kowen Lam.." "toli angger nyong garo Ust Duloh sih hebatan sapa..?" "nesih hebatan kowen Lam..?" "(nyengir)... lah angger nyong garo Gusdur sih hebatan sapa....?" ndadak tambah sombong. "nesih hebatan kowen Lam..."

Keganggu

Daslam garo Wasto pan maring bandung numpak kereta, sinambi nunggu kereta teka Daslam ududan nang ruang tunggu sing nang Stasiun. "mas angger pan udud aja nang kene gen, kiye kotonge nyong dadi keganggu.. melas mas nesih cilik wis nyedoti kebul rokok..." wong wadon ayu nesih enom sing nggendong anak protes. "danggepe nyong belih keganggu nyang rika mbak..?" Daslam ora kalah melu protes.