Skip to main content

Ngapusi Gusti Allah, jane

Puasa taun kiye pancen cemeter nemen panase, wong sing glelengan nang kamar bae krasa sumuk apa maning sing nang jaba.

"hadduh... panas kaya kiye dikongkon maring pasar pisan, mane ka belih melas nyong temen sih.." Daslam ngresula dikongkon manene maring pasar.

Lat ora suwe dheweke anjog pasar, barang nang pasar weruh wong padha mangan nang warteg, wartege ditutupi kordeng.
"alah mampir warteg bae ah, nge-es terus nyoto.. uh seger nemen kyeh.. langka sing weruh ikih nyong nang kene, langka sing ngarti ikih nyong mangan... hihihihi.." Daslam mlebu warteg.

Daslam nang warteg nginung es teh entek rong gelas, sotone rong mangkok. Barang wis pragat mangan dheweke balik. Pas anjog umah dhewek apen-apen lemes akibat puasa. Terus wayae kentung magrib melu buka, ngono kuwe diulangi saben dina sasuwene wulan puasa. Jarene langka sing weruh ikih, langka sing ngarti ikih.

Comments

Popular posts from this blog

Dodolan Manuk

Kerana pengin nduweni penghasilan dhewek Daslam muter otak pengin wirausaha, dodolan manuk akire.   "kang, kiye manuk apa sing nang jero kurungan, kok murah temen...??" calon konsumen takon. "sing nang kurungan kiye manuk ketilang, sing nang kurungan sijine maning manuk kepudang, toli kiye manuk bla bla bla..." Daslam njelasna bari nunjuk-nunjuk kurungan sing ditutupi klambu. "wid ih edan, manuk apik regane.murah men... ketilang limangewu olih loro... ya wis kyeh kang nyong tuku papat..."

Hebatan Endi

daslam Lolos gadi caleg, latane sombong toli madakna dheweke maring wong hebat liyane. "To, nyong garo kowen hebatan sapa...?" "ya hebat kowen Lam.." "toli angger nyong garo Ust Duloh sih hebatan sapa..?" "nesih hebatan kowen Lam..?" "(nyengir)... lah angger nyong garo Gusdur sih hebatan sapa....?" ndadak tambah sombong. "nesih hebatan kowen Lam..."

Keganggu

Daslam garo Wasto pan maring bandung numpak kereta, sinambi nunggu kereta teka Daslam ududan nang ruang tunggu sing nang Stasiun. "mas angger pan udud aja nang kene gen, kiye kotonge nyong dadi keganggu.. melas mas nesih cilik wis nyedoti kebul rokok..." wong wadon ayu nesih enom sing nggendong anak protes. "danggepe nyong belih keganggu nyang rika mbak..?" Daslam ora kalah melu protes.