Skip to main content

Dodolan Manuk

Kerana pengin nduweni penghasilan dhewek Daslam muter otak pengin wirausaha, dodolan manuk akire. 

"kang, kiye manuk apa sing nang jero kurungan, kok murah temen...??" calon konsumen takon.

"sing nang kurungan kiye manuk ketilang, sing nang kurungan sijine maning manuk kepudang, toli kiye manuk bla bla bla..." Daslam njelasna bari nunjuk-nunjuk kurungan sing ditutupi klambu.

"widih edan, manuk apik regane.murah men... ketilang limangewu olih loro... ya wis kyeh kang nyong tuku papat..."
Daslam langsung nekna kurungan manuk sing ditutupi klambu kuwe. Barang klambune dibuka.

"kang ganing langka manuke, manuke endi...??"

"ya pancen langka manuke... kae manuke lagi padha mabur ditangkep dhewek mana owh... enak temen limangewu pengin olih ketilang loro..."

Comments

Popular posts from this blog

Hebatan Endi

daslam Lolos gadi caleg, latane sombong toli madakna dheweke maring wong hebat liyane. "To, nyong garo kowen hebatan sapa...?" "ya hebat kowen Lam.." "toli angger nyong garo Ust Duloh sih hebatan sapa..?" "nesih hebatan kowen Lam..?" "(nyengir)... lah angger nyong garo Gusdur sih hebatan sapa....?" ndadak tambah sombong. "nesih hebatan kowen Lam..."

Keganggu

Daslam garo Wasto pan maring bandung numpak kereta, sinambi nunggu kereta teka Daslam ududan nang ruang tunggu sing nang Stasiun. "mas angger pan udud aja nang kene gen, kiye kotonge nyong dadi keganggu.. melas mas nesih cilik wis nyedoti kebul rokok..." wong wadon ayu nesih enom sing nggendong anak protes. "danggepe nyong belih keganggu nyang rika mbak..?" Daslam ora kalah melu protes.