Skip to main content

Niru Bapane

Daslam cilik lagi ndopok soal cita-cita kambe batur-bature. 

"Sa, kowen nduweni cita-cita apa...??" Wasto takon nang Tarsa.

"nyong ta cita-citane pengin gadi supir trek To.. seneng enggal dina jalan-jalan bae...lah ari kowen sih apa To cita-citane...??"

"ya macem kowen pengin gadi supir trek wong bapane kowen emang supir trek...nyong pengin kaya bapane nyong Sa, gadi ustad.. "

"ohh... bagus kuwe ben bisa gadi imam nang langgar To... eh, iya, kowen sih Daslam cita-citane kowen apa...?" Tarsa takon.

"mmm.... cita-citane nyong pengin gadi tentara Sa, kaya bapane nyong..." Daslam njawab bangga.

"lah... ader bapane kowen tentara Lam...??"

"dudu tentara Sa..."

"lah terus bisaneng kaya bapane kowen...??"

"maksude nyong cita-citane nyong kaya cita-citane bapane nyong lagi cilik, gadi tentara Sa..."

"ehhhh... alah... Daslam kemplu..."

Comments

Popular posts from this blog

Dodolan Manuk

Kerana pengin nduweni penghasilan dhewek Daslam muter otak pengin wirausaha, dodolan manuk akire.   "kang, kiye manuk apa sing nang jero kurungan, kok murah temen...??" calon konsumen takon. "sing nang kurungan kiye manuk ketilang, sing nang kurungan sijine maning manuk kepudang, toli kiye manuk bla bla bla..." Daslam njelasna bari nunjuk-nunjuk kurungan sing ditutupi klambu. "wid ih edan, manuk apik regane.murah men... ketilang limangewu olih loro... ya wis kyeh kang nyong tuku papat..."

Hebatan Endi

daslam Lolos gadi caleg, latane sombong toli madakna dheweke maring wong hebat liyane. "To, nyong garo kowen hebatan sapa...?" "ya hebat kowen Lam.." "toli angger nyong garo Ust Duloh sih hebatan sapa..?" "nesih hebatan kowen Lam..?" "(nyengir)... lah angger nyong garo Gusdur sih hebatan sapa....?" ndadak tambah sombong. "nesih hebatan kowen Lam..."

Keganggu

Daslam garo Wasto pan maring bandung numpak kereta, sinambi nunggu kereta teka Daslam ududan nang ruang tunggu sing nang Stasiun. "mas angger pan udud aja nang kene gen, kiye kotonge nyong dadi keganggu.. melas mas nesih cilik wis nyedoti kebul rokok..." wong wadon ayu nesih enom sing nggendong anak protes. "danggepe nyong belih keganggu nyang rika mbak..?" Daslam ora kalah melu protes.