Skip to main content

Wong Jawa, Untung

Sore wingi wayae ngabuburit Daslam ketabrak motor, motore sing nyetiri Mandor Wiryo. 

"Lam.. kowen jare kas ketabrak motor?? toli primen sakiyen keadaane...??" Wasto niliki Daslam nang umae.

"belih papa To.. kiye paling mung padha ledes tok tangan kambe sikile.."

"ya sokur ari kaya kuwe Lam.. dongen critane primen sih bisaneng kowen kosi ketabrak...??"
"critane kaya kiye To ; wektu nyong nyabrang kas tuku kolek sing elor man Wiryo nyruntul bae, nyong belih bisa inggat, dadi ya nyong ketabrak... tapi nyong termasuk untung To, wong Jawa kuwe akeh untunge pancen..." Daslam mesem kebak sokur.

"sih bisaneng untung Lam..?? kowen bar ketabrak loh, kiyeh awake padha ledes kaya kuwe..." Wasto eram.

"ya untung To.. untung nyong ketabrak dening man Wiryo sore-sore wayah man Wiryo pragat nyambet gawe, coba angger nyong ketabrake pas man Wiryo nyambet gawe.. wah remuk awake nyong To.. kan man Wiryo supir traktor..."

"ya elah Lam... hadduh.. ya wis, sokurlah ari kaya kuwe..."

Comments

Popular posts from this blog

Dodolan Manuk

Kerana pengin nduweni penghasilan dhewek Daslam muter otak pengin wirausaha, dodolan manuk akire.   "kang, kiye manuk apa sing nang jero kurungan, kok murah temen...??" calon konsumen takon. "sing nang kurungan kiye manuk ketilang, sing nang kurungan sijine maning manuk kepudang, toli kiye manuk bla bla bla..." Daslam njelasna bari nunjuk-nunjuk kurungan sing ditutupi klambu. "wid ih edan, manuk apik regane.murah men... ketilang limangewu olih loro... ya wis kyeh kang nyong tuku papat..."

Hebatan Endi

daslam Lolos gadi caleg, latane sombong toli madakna dheweke maring wong hebat liyane. "To, nyong garo kowen hebatan sapa...?" "ya hebat kowen Lam.." "toli angger nyong garo Ust Duloh sih hebatan sapa..?" "nesih hebatan kowen Lam..?" "(nyengir)... lah angger nyong garo Gusdur sih hebatan sapa....?" ndadak tambah sombong. "nesih hebatan kowen Lam..."

Keganggu

Daslam garo Wasto pan maring bandung numpak kereta, sinambi nunggu kereta teka Daslam ududan nang ruang tunggu sing nang Stasiun. "mas angger pan udud aja nang kene gen, kiye kotonge nyong dadi keganggu.. melas mas nesih cilik wis nyedoti kebul rokok..." wong wadon ayu nesih enom sing nggendong anak protes. "danggepe nyong belih keganggu nyang rika mbak..?" Daslam ora kalah melu protes.