Skip to main content

Ngabuburit

Puasanan angger belih ngabuburit ya rasane kayong kepriben, rada kurang lah pokoke. Apamaning sing padha duwe bojo atawa pacar. Ngabuburit wis padha bae derajate karo kolek. Dibutuhna.

"Kowen angger saben sore wayah pan magrib lunga menyang endi sih To, tak samperi nang umah langka bae..??" Daslam nakoni Wasto wektu ketemu nang langgar.

"Nyong biyasane angger wayah jam semono maring bantaran sonyah Lam, nikmati suasana alam pinggir kali.. Ayem, adhem rasane.." jawab Wasto.

"Halah kowen ta kaya Kaki Rasnyan sing senenge tetapa, eling To kowen nesih enom, wektune seneng-seneng.. Kowen rugi To angger wulan puasa belih ngabuburit .."

"Bisaneng rugi...?"


"Iya owh.. Kaeh saukurune bocah wadon pan sing ayu apa ele padha metu jalan-jalan, pakeyane To... Wuidih, belih kalah karo dina biyasa, seksi.. Apamaning riasan raine, cep--lambene keminclong kaya prosotane cah TK, pipine putih alus.. Pokoke belih rugi kowen angger ngabuburit, weruh pemandangan kaya kuwe..." bangga.

"Hahaha... Iya elos mana, belih ilok belih acan nyong ta bab kaya kuwe.. Wis duwe ikih.. Mana go kowen bae sing jomblo belih payu-payu.. Hahaha"

"Idih... Halah kowen ta jujur temen sih.." Daslam mrengut.

Comments

Popular posts from this blog

Dodolan Manuk

Kerana pengin nduweni penghasilan dhewek Daslam muter otak pengin wirausaha, dodolan manuk akire.   "kang, kiye manuk apa sing nang jero kurungan, kok murah temen...??" calon konsumen takon. "sing nang kurungan kiye manuk ketilang, sing nang kurungan sijine maning manuk kepudang, toli kiye manuk bla bla bla..." Daslam njelasna bari nunjuk-nunjuk kurungan sing ditutupi klambu. "wid ih edan, manuk apik regane.murah men... ketilang limangewu olih loro... ya wis kyeh kang nyong tuku papat..."

Hebatan Endi

daslam Lolos gadi caleg, latane sombong toli madakna dheweke maring wong hebat liyane. "To, nyong garo kowen hebatan sapa...?" "ya hebat kowen Lam.." "toli angger nyong garo Ust Duloh sih hebatan sapa..?" "nesih hebatan kowen Lam..?" "(nyengir)... lah angger nyong garo Gusdur sih hebatan sapa....?" ndadak tambah sombong. "nesih hebatan kowen Lam..."

Keganggu

Daslam garo Wasto pan maring bandung numpak kereta, sinambi nunggu kereta teka Daslam ududan nang ruang tunggu sing nang Stasiun. "mas angger pan udud aja nang kene gen, kiye kotonge nyong dadi keganggu.. melas mas nesih cilik wis nyedoti kebul rokok..." wong wadon ayu nesih enom sing nggendong anak protes. "danggepe nyong belih keganggu nyang rika mbak..?" Daslam ora kalah melu protes.